Pawarta Jawa, Media Informasi Korupsi lan Pungli ing Tanah Jawi

 

Sragen, 28 Juni 2025 – Pawarta Jawa minangka salah siji media lokal kang dikelola dening PT Berita Istana Negara, dados corong informasi kang nyedhiyakake kabar-kabar paling anget lan akurat babagan kedadeyan ing Jawa Tengah lan Jawa Timur, utamane babagan praktik korupsi, pungutan liar (pungli), lan aktivitas ilegal liyané.

Media iki kagolong aktif nyuarakaké praktik-praktik menyimpang saka pamaréntahan, kalebu korupsi dana desa, pungli ing pelayanan masyarakat, nganti laporan aktivitas ilegal ing level kecamatan lan kabupaten.

Warsito, minangka direktur utama PT Berita Istana Negara, ngandharaké bilih tujuan utama Pawarta Jawa yaiku:

“Nyuarakaké bebener lan nglindhungi masyarakat saka praktik-praktik kang nyengsaraké rakyat cilik. Masyarakat Jawa kudu nduwé akses informasi kang cetha lan bisa dipercaya.”

Saka data paling anyar, tim investigasi Pawarta Jawa nglacak sawetara kasus ing wilayah Jawa Tengah, Jawa Timur, ing ngendi ana indikasi penyalahgunaan wewenang dening oknum perangkat desa lan pejabat kecamatan. Laporan iki wis dikirimake marang pihak berwenang kanggo ditindaklanjuti.

Kajaba iku, Pawarta Jawa uga mbukak kanal aduan masyarakat sing bisa digunakake kanggo nyaluraké keluhan, kritik, lan informasi awal babagan tindak korupsi utawa pungli. Kanthi moto “Swara Rakyat Jawa, Suara Bebener Negara”, media iki nampa sambutan positif saka warga lan aktivis anti korupsi.

Redaksi: Pawarta Jawa
Media resmi PT Berita Istana Negara
Email: redaksipawartajawa@gmail.com
Instagram: @pawartajawa
Kantor pusat: Semarang, Jawa Tengah

Wacanen Ugi:  LSM Pangeran Sambernyawa Soroti Pembongkaran Cagar Budaya Ndalem Tumenggungan Tanpa Izin Konservasi

Bagiaken menika:

Babagan Kita – Pawarta Jawa TV

Warta Paling Misuwur

Scroll to Top